Monday, February 21, 2005

Kucing Vs Kethek

Jaman biyen onok koceng karo kethek sing dimanja karo majikane ...
uripe mek mangan karo turu tok...
akhirnya pada suatu saad si kethek alias bedes BeTe karo uripe sing mek ngono2 tok..
trus muncul percakapan...

"Kethek : heh !! ceng ..koceng koen gak bosen tah uripmu mek mangan karo turu ...?"
"Koceng : Yo bosen sak jane ... lha kate lapo meneh .....??
"Kethek : yok opo lek belajar nge-lukis ae ...aku duwe kanvas karo perlengkapan ngelukis liyane"
"Koceng : ayo wes aku setuju karo usulmu dungaren utekmu cerdas tek..kethek"
"Kethek : yo sekali kali cerdas mosok wes males tambah bosen, jare pepatah barad..wes lazy sik boring
"Koceng : hehehehhe...koyok juragane awak'e dewe ae lazyboring cak cak .. "taek samean iku
"Kethek : ojok ngerasani ..masi ngono iku yo juraganmu sing ganteng dewe sak jawatimur.."(uhuks)
"Koceng : iyo encene ..wong koq gantenge uyel2an ngunu yoh ck..ck..ck.
"Kethek : ayo wes, ndang dimulai ..ngelukis opo iki penak'e..?? ngelukis wong mudho a ??"
"Koceng : ndasmu menthol a!!...cek senenge lek nggambar wong mudho ...duso blehh"
"Kethek : ngene ae lho...aku ngelukis awakmu ...lha terus awakmu ngelukis aku"
"Koceng : yo wes ........stujuh..molaii



(.............1 jam kemudian ..........)

"Kethek : wes tah ceng....koceng?? koen iku nggambar opo nyantet uwong ..koq cek suwene"
"Koceng : nyantet mbahmu !! wes... ilo cak.. samean delok wes lukisanku sing paling debes iki"
"kethek : sik talah delok en wekku disek...podo karo rupamu ceng.., persis toh ??( karo ndunduhno hasil karyane si kethek )
"Koceng : wih..wih..wih.. ck..ck..ck..( berdecak kagum) cek pintere samean cak ...bakad tenan samean lek kon ngelukis ...tapi delok en hasil karyaku iki ... gak kalah apik...
"Kethek : Hancik....!!! koen ngenyek aku po pie ...??? tak tuwonyo delogokmu loh !!
"Koceng : loh...loh... sabar cak .... opo'o cak??? opo'o lukisanku ???
"Kethek : iki ngono gambar Bedessss..!!!
"Koceng : ...???
(original by dheny)

0 komentar:

Newer Posts Older Posts